Novel Jawa Cerbung Cerita Bersambung

Cerbung Sore hanya untuk hiburan aja

Novel Jawa

*Dokter Rena Wulandari*
(01)

Dening Jlitheng Basuni

Tas isi buku pelajaran sing dikampluk dbrukake amben paturon. Awake dibanting ana kasur kapuk sing wis atos krana saking lawase. Kasur tuwa hadiyah ulang taune kang kaping rolas pitung taun kepungkur. Kasur kang ngancani Rena kleleb ana impen sajroning turu ana wengi-wengi pitung taun suwene. Senajan wus jebol jaitane kana-kene lan kapuke madhul-madhul metu saka sela-selane jaitan kang dhredhet, nanging kasur tuwa iku aji banget kanggone bocah prawan umur sangalas taun iku.
Karji, bapake butuh wektu setaun anggone celeng-celeng dhuwit kanggo bisa menehi hadhiyah arupa kasur kanggo, Rena. Surti, emake uga kudu mithet blanja supaya kayane, Karji bojone sing mung tukang becak bisa turah kena dicelengi sethithik baka sethithik supaya bisa nukokake barang kang banget dipengini Rena cilik. Tumekane umur sangalas taun, kasur iku isih durung salin. Senajan wis nlepes lan tipis, kegawa kapuk sing ana jero kasur tansaya mimpes.
“Lelakon kok, kaya ngene…!” guneme Rena sinambi nyawang usuk glugu sing nyangga reng lan gendheng omah. Usuk-usuk mau mung mbisu nalika, Rena guneman marang awake. “Dhuh Gusti….! Kula nyuwun pitedah..!”
Ora kaya kedadeyan dina iki mau susahe ati bocah mau. Isih gawang-gawang mau kepriye anggone wong wadon kang ora ditepungi sakdurunge nyegat dheweke ana ngarep sekolahan. Wus dadi watake, Rena kang digulawenthah kawit cilik dening Karji lan Surti supaya enthengan, seneng tetulung marang sapa wae wong kang butuh pitulungan.
“Awakmu, Rena Wulandari ta..?” takone wong wadon kang nyandhang manganggone mabyor nandhakake yen wong sugih blegedhu.
“Inggih, leres…!” saurane bocah wadon mau tanpa ana rasa was sumelang.
“Wis lali ya, karo aku…?” wanita sing umure kira-kira patangpuluhan lima mau takon Rena sinambi nuduhake praupane kanthi pangangkah, Rena bisa eling.
Rena nguwasake praupane wanita mau kanthi premati. Dicoba ngeling-eling praupan wanita iku. Suwe anggone Rena muter pikirane. Sapa, lan ana ngendi dheweke tau kepethuk klawan wanita iku. Nanging, dieling-eling meksa ora bisa kepethuk. Rena ora rumangsa tau kepethuk apa maneh weruh sapa wanita iku. Kanthi sumanak Rena banjur takon. “Ngapunten…! Sinten nggih, panjenengan..? Kula ketawisipin dereng tepang kaliyan jengandika.”
“Apa gelem awakmu melu aku sedhela…!” pangajake wanita mau. “Awakmu, Rena ta…? Anake, Karji lan Surti…?”
“Inggih, kula Rena Wulandari…, bapak kula, Pak Karji, lan emak kula, Bu Surti.”
“Ayo…! Melu aku…mangan nyang dhepot Pratiwi…!” pangajake. “Mengko dakulihake… aku weruh kok, omahmu.” kandhane wanita mau setengah meksa.
“Kula kedah ngrencangi emak sadeyan gorengan mangke…!” Rena alesan kanggo nulak pangajake wanita mau. “Panjenengan sinten, nggih…?” takone bocah mau sabanjure.
“Aku Nyi Kedasih. Omahku Kediri. Wis ta, mengko dakcitani sapa aku. Kang baku, ayo melu aku..!” kandha mangkono sinambi nggeret tangane Rena.
“Awakmu numpak apa menyang sekolahan?” takone Kedasih sakwuse mlebu mobil Pajero weton anyar lan ngongkon supire tumuju dhepot Pratiwi.
“Nitih bis. Bis sekolah.” sumaure Rena blaka.
Mung pitakonan iku kang kawetu saka Bu Kedasih nalika ana jero mobil. Sakwuse tekan dhepot Pratiwi, Kedasih ngajak Rena mlebu ana warung panganan ana kono.
“Ayo dipangan sik…!” parentahe marang Rena.
“Kula ewuh, Bu…!” sumaure Rena. “Siam dinten Kemis.” alesane Rena krana ora patiya greget. Sejatine dina iku lagi ketekan tamu ajeg tumrap wanita.
Kedasih sajak gela krungu sumaure Rena kang kandha lamun lagi pasa dina iku. “Yen ngono, bungkus wae, digawe buka mengko.”
“Boten usah repot-repot..!” sumaure Rena sajak sungkan. “Sejatosipun wonten, napa ta…?” takone Rena merga selak kepengin weruh apa prelune wanita mau ngejak Rena mrono. Ana prelu apa?
Rena eling dina iku wus saguh ngrewangi emake sing oleh pesenan jajan kanggo yasinan. Kaji Junaidi pesen jajan satus kerdhus werna papat isine. Sakdurunge Magrib, kudu wis diterake menyang daleme Kaji Junaidi.
“Aku iki dudu wong liya, Ndhuk…!” dumadakan kawetu omongan mangkono saka tutuke Kedasih. “Aku iki isih sedulur….ora mung sedulur karo awakmu. Krana banyu susuku iki tau kokombe…!” kandhane Kedasih sinambi mripate nyawang Rena. Rena ngira wanita iku lagi gojeg lan guyon. “Mpun gojeg ta, Bu..!” cluluke Rena krana dheweke ora rumangsa tau ngombe banyu susune wong iku.
“Bener….! Sumpah…!” sepatane Kedasih.
“Hehe… bokbilih klentu tiyang, Bu. Kula punika yoganipun Pak Karji lan Mak Surti.”
“Dudu…!” Kedasih ngeyel. “Karji lan Surti iku dudu wong tuwamu kandhung. Dheweke mung sing ngopeni awakmu thok.”
“Ampun, gojeg, ah…! Boten lucu…!” sumaure Rena kang nganggep iku gojegane Bu Kedasih.
“Ren….!” Kedasih nyoba ngelus rambute Rena. Nanging Rena endha nalika tangane wanita mau arep ngenani sirah. “Awakmu daktinggal ana stasiun sepur pitulas taun kepungkur,” guneme Kedasih gawe kagete Rena. “Nalika iku….awakmu lagi umur karotengah taun. Krana sabab kang ora bisa dakkandhakake.. awakmu kapeksa daktinggal ana kono.”
Kedasih mripate mlolo. Embuh nyawang apa. Katone wanita mau pengin banget Rena weruh lamun pancen, Kedasih iku ibu kandhunge. Wanita kang nglairake Rena. Kang menehi banyu susu tumeka umur karotengah taun sakdurunge ditemu lan diadhopsi Karji lan Surti bojone.
Sejatine Kedasih sadhar nalika semana anggone arep ninggal Rena saprelu lunga menyang Jakarta. Sakwuse dianti pirang dina lan weruh Rena anake mau banjur diadhopsi dening Karji lan Surti, Kedasih lunga menyang Jakarta.
“Sanes…! Sanes…!” Rena kagelan keprungu omongane Kedasih sing pancen sacara biologis, ibune kandhung. “Rena sanes putri panjenengan…! Rena yogane Pak Karji
..Rena yoga setrinipun, Mak Surti…..Ampun ngandikan reni-reni. Boten lucu….!”
Makklepat Rena nyandhak tas sekolahe banjur metu saka warung panganan mau. Parane mangidul. Oleh sakidule rel sepur ana gang, banjur mlayu mangulon. Kedasih sing ngupaya mburu nganggo mobil Pajerone, kelangan lacak. Rena nylinthut ana dalan gang cilik ing Kelurahan Bago. Sesingidan ana saburine omahe wong kono. Udakara sakjam suwene sesingidan lan weruh Kedasih wis ora ana kono maneh, Rena nelpon kancane sakelas sing omahe Tamanan. Jaluk tulung supaya diterake mulih menyang Kalidawir, omahe.
Tekan omah njujug kamar. Mak Surti katone ora weruh yen anake wedok wus teka. Krana utheg wae kawit esuk gawe lemper, bikang, dadar-gulung, lan nagasari pesenane Kaji Junaidi.
Saktemene mau atine Rena lagi bombong tur mongkog. Saka Pak Tria guru BP, dheweke didhawuhi lamun ketampa Pendidikan Doker ana Pawiyatan luhur negri sing ana kutha Surabaya. Ora baen-baen. Mlebune saka jalur SNPTN bidhik misi pisan. Yen pancen bocahe ora pinter tenan, tangeh lamun bisa ketampa ana kono.
Krenteg atine Rena mau, bakal ngandhani Pak Karji lan Mak Surti wong tuwane. Wis diangen-angen mendahna kagete wong tuwane loro mau lamun keprungu dheweke ketrima apa kang digayuh Rena kawit cilik. Pengin dadi dhokter supaya bisa tetulung marang wong cilik lamun katerak lara. Panggayuhan kang diimpek-impekke kawit cilik mula. Diimpek-impekke saben turu ana kasur tuwa kang setiya ngancani turune. Pak Karji lan Mak Surti mesthi bakal seneng atine. Bakal mongkog lan bombong. Duwe anak kang bakal bisa mikul dhuwur lan mendhem jero wong tuwane sakloron. Mikul dhuwur drajate wong tuwa lan mendhem jero alane wong tuwa kanthi anggone bisa kelakon dadi dhokter. Iku niyate mau.
Nanging anggone duweni niyat bakal gawe kagete wong tuwane, ambyar. Krana kanthi ora sengaja mau kepethuk wanita kang jeneng Kedasih. Sing ngaku iku ibu kandhunge. Ibu kang nglairake lan menehi banyu susu karotengah taun suwene. Senajan sinawang wanita mau katon wong sugih blegedhu, ning kanggone Rena, babar-pisan ora nyenengake atine. Malah bisa ngrusak rasa mareme ati sing mentas wae oleh kabar ketampa pendhidhikan dhokter liwat jalur SNPTN.

Ana candhake

Be the first to comment

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan.


*